Lompat ke isi

Yu Cangik Wurung Dadi Anggota Dewan

6 Mei 2009

Wis sepasar iki aku ora ketemu Yu Cangik, embuh mblayang nandi, kamangka
biasane thungal-thungul, kemlithih dolan nyang omahku, luwih-luwih
wingi-wingi wektu mangsa kampanye kae, esuk awan sore bengi telpon lan
sms ora ana kendhate. Piye-piye wis dadi kanca, kadhangkala ora
mentala, wis ngerti menawa aku kaliyan Yu Cangik beda partai, nanging
kanthi majune Yu Cangik dadi caleg, aku pancen kudu melu cawe-cawe.
Paribasane tega larane ora tega patine, apa maneh Yu Cangik iku jejere
wanita kang amung karibetan ing nyamping kagubet ing rikma, mula menawa
aku ora asung pambiyantu mesthi wae akeh sing banjur nyalahake aku. Aku
dhewe tiba ewuh aya, kepara malah ana pitenah menawa aku tumindak
lelemeran “selingkuh politik” kanthi kampanye kanggo partai liya, ora
selak genderaku lawas sing wis suwe tak belani pancen uga mbutuhake
tenagaku. Aku mung kudu wasis andum wektu, andum gawe, kareben kabeh
lumaku lan ora katon saru,
Bali marang crita ilange Yu Cangik, mendahneya kulawargane banget trenyuh lan prihatin, karana KPUD wis netepake sapa-sapa kang kepilih lan wenang nglenggahi kursi Dewan Perwakilan Rakyat Daerah. Entuk-entukane swara pemilih “by name” sing milih Yu Cangik, menawa digunggungsungun durung nyukupi Bilangan Pembagi Pemilih (BPP) ing Daerah Pemilihan (Dapel) wilayahe Yu Cangik.
Menawa dirasa pancen nggrantes, lan cures, wis direwangi keraya-raya ngentekake bandha, tembe mburine mung ngundhuh wirang, ninggal utang lan tuwuh samsara.

Jan-jane wingi-wingi aku ya wis
ngelingake, menawa luwih becik Yu Cangik ngurungake anggone nyaleg,
nanging sajake krentege ora bisa dipenggak, jarene kanggo neter
kadigdayan jajag-jajag ngelmu, nglanggati pra pendukunge. Ana
saweneh nom-noman sing saguh dadi cucuk lampah, utawa team sukses lan
saguh mlaku golek swara pemilih. Nom-noman iki sing terus ngobong atine
Yu Cangik lan kulawargane kanthi aweh palapuran saka lapangan menawa
pendukunge Yu Cangik wis kompak lan sansaya akeh. Mesthi wae Yu Cangik banjur kebrongot lan cal-cul, nyah-nyoh ora owol ngucurake redana lan beya. Mbuh saka ngendi olehe redana lan beya mau, kepara apa sing bisa cepet dadi dhuwit banjur dilintirake mlebu gadhen. Wola-wali aku paring pemut supaya metune redana dikendhaleni, katimbang-timbang bobot gedhene kalayan kahanan, nanging Yu Cangik mbok menawa kadhung kadunungan rasa isin, gengsi menawa ora bisa nandhingi kampanyene caleg liya.

Tiba wektu etung-etungan swara jebul njeblug tenan, swara kang milih Yu
Cangik mung sethithik, iku ateges ora jumbuh, glethek pethele Yu Cangik
kapusan!. Plak kapidara njungkel ing bantala, nangis angraris ngiris
ati, tumetesing waspa anjala niti mili satiti siji-siji. Yu Cangik
rumangsa lara lan ora trima geneya kaya mangkono piwales sing ditampa.
Kanggoku prastawa iki ora nggumunake, donyane politik pancen kaya ngono
kuwi, sapa lena bakal cilaka, karana politik mung kebak wong sing
licik, silih undhih golek menang kanthi cara apa wae. Wektu-wektu iki wis
ora ana unggah-ungguh, suba-sita lan ngregani liyan, kanggo nggayuh
kamukten wong tegel mrejaya mungsuhe kanthi wengis, kepara kanca bisa
dadi mungsuh, mungsuh bisa dadi kanca.

Menawa dionceki pancen tatacara/system pemilu caleg iki banget ora adil,
Pemilu caleg wektu iki mung duweke wong sing sugih bandha, ora ngladeni
wong karep lan pinter nanging mlarat. Mula mundhak kedawa-dawa tak
pupus critane Yu Cangik. Kareben Yu Cangik ngilang lan sesidheman sawetara wektu, Yu Cangik pengin gugat mring Hyang Manon njumengi ratri, ngrasuk weningi ati amrih caket mring Gusti. Mung kanthi cara mangkono bisa meper
kanepson lan tata-tata kanggo ngadhepi ombaking urip kang luwih
nggegirisi ing tembe wuri.

anggitanipun : Kijogogati
Ngayogyakarto,Senin, Mei 04, 2009

No comments yet

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.