PEDULI tidak harus selalu memberi
Wah, sakjane mono judul iku ora ono gandeng cenenge karo crita sing arep tak udarake ing ngisor iki. Nanging kepriye maneh, lha wong katone ukara iku sing cedhak karo critaku iki.
Mau mbengi, sak rampunge melu patemon ing sakwijining paguyuban religius Nurkomet gage-gage menyang pos ronda sak prelu ngayahi kewajibanne minangka warganing masyarakat kampung. Wayahe wis meh tengah mbengi, yo merga patemon sing dieloni rodo molor sing njalari jam 11.30 mbengi dhewek’e lagi tekan ngomah. Ora perlu neka-neka cukup tas diuncallake neng kursi njur ganti nganggo sandal jepit, nyandak pit motor Supra Pit, reeeng… ora gantalan suwe wis tekan nggerdu.
Bareng tekan nggerdu pit montore di setandarke. “Halo bos, selamat malam!” uluk salamme mas Ending sing tansah grapyak lan enteng ing gunem karo ngulungake tangane ngejak salaman. Nurkomet nyandak tanganne mas Ending banjur mboko siji kanca-kancane ronda liyane di salami uga. Ing kono wis ono mas Harjito, mas Veri, mas Cahyo lan kang mBesur.
Grup ronda malem Kemis iki pancen rodho terkenal paling crewet lan gayeng jarene wong sing omahe cedhak gerdu. Sebabe angger malem Kemis swarane sing padha ronda mbrebeki kuping merga sora/seru anggone guneman. Mbengi iki uga, bareng wis crita ngalor ngdiul ngetan bali ngulon, lha kok anggone ndobos mandhek neng babagan wong nyumbang. “Wah saya ini di pasar sering ketemu ibu-ibu yang menjual ayamnya kepada saya, ayo mas tukunen pitik iki, begitu.” critane mas Ending. “Lho kok pitik’e di sade ajeng kengin menapa, bu? saya tanya ke ibunya itu. Trus apa jwabnya mas? niki kula sadhe ajeng kangge nyumbang mas?”. Mas Ending crita bab sakwijining ibu kang dodolan pitik kanggo nyukupe kareppe bisa mlu nyumbang marang tanggane kang nduweni gawe. ” Omongane mas Ending iku banjur nuwuhake tanggapane kanca-kanca ronda liyane. Yo iki sing marahi gayenge swasono ronda wengi iki, swara pitakonan sing biasane kerep kewetu saben ronda “Ada bisnis apa mas Cahyo?” koyo-koyo keblesek lan blas ora ngetrend ing mbengi iki.
“Wah tidak seharusnya ibu tadi menjual ayamnya yang tinggal satu hanya untuk memenuhi tuntutan memberi sumbangan.” mas Cahyo memberi tanggapan. Nurkomet sakjakke gage ngetokke swara,” seperti itulah mas, kita hidup di desa, ada perasaan tak enak kalo tidak memberi sumbangan”. “Ya tapi tidak seharusnya harus menjual miliknya sampai harus berkorban hartanya (pitikke) sampai dijual untuk menyumbang, bukankah orang yang berhajat itu sudah memperhitungkan biaya dan segala kebutuhannya?”tangkepe mas Cahyo. Nurkomet banjur nyauri,” Tapi kalo ndak nyumbang itu ya ada perasaan nggak enak je mas.” ” Ya kalo ndak punya ya nggak usah nyumbang”. ngono penyaute mas Cahyo. Sakjakke kang mBesur pingin urun rembug,” Wah …ya nanti jadi rasanan tangga teparo dan dititeni no mas”. Nurkomet nambahi,” Ngasih sumbangan saja yo kudu disesuaikan dengan nasi ulemanne kok mas, di kampung ini saja standar minimalnya sudah 35 ribu rupiyah”. Mas Ending nek ngomong nyenggol angka rupiyah kuwi mesthi njur semangat mula enggal ngomong,”Ya di Jogja itu kalo ngadain hajatan sekarang sudah tren nyewa gedung, dan standar sumbanganannya tinggi dibanding daerah lain. Padahal seharusnya kita itu menyumbang lebih banyak kepada tetangga yang sedang kesripahan (kematian) daripada di ewuh manten. “ Wah kok njur gayeng iki. Rembugan iku sidhane lagi rampung jam setengah telu esuk. Mandheg ora mergo rampung nanging merga mengko kudhu ngayahi gaweanne dhewe-dhewe mula banjur bubaran kanggo ngasokake awakke kareben esuk bisa tangi kanthi awak sing seger.
Nurkomet dhewe mbatin sing meh sak panemu karo kanca-kancane ronda menawa wong arep wenehi sumbangan iku sing baku nduweni ati tulus iklhas. Menehi sepiro wae okeh lan jumlahe, ya iku sing bakalan dadi ngamal. Semono uga sing nduwe gawe yo ojo njur ndelok ndeleng marang okeh sithike rupiyah nanging kudhu iso ngerti lan paham nek sumbangane tanggane iku minangka tanda lan wujud katresnan lan rasa kepengin menehi pangenteng-enteng uga melu nduweni gawe.
